KHUTBAH JUM’AH DALAM BAHASA JAWA :
“BISO NDUWE RUMONGSO, ORA MUNG BISO RUMONGSO NDUWE”
Oleh : Hasysa
KAPING SETUNGGAL :
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
إنَّ الحمدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ، وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوبُ إليهِ، قُلُوبُنَا بيْنَ يدَيْهِ، وَحَالُنَا لاَ يَخْفَى عليهِ، وأَشهدُ أنْ لاَ إلهَ إِلاَّ اللهُ وحدَهُ لاَ شَريكَ لَهُ، سبحانَهُ هُوَ الْمُعْطِي الوهابُ، يُحِبُّ مَنْ تَابَ إليهِ وأنابَ، وأَشهدُ أنَّ سيِّدَنا محمداً عَبدُ اللهِ ورسولُهُ وصفيُّهُ مِنْ خلقِهِ وخليلُهُ، شرحَ اللهُ صدْرَهُ، وطهَّرَ قلبَهُ، وأعْلَى ذكْرَهُ، ورفَعَ مقامَهُ، فاللَّهُمَّ صَلِّ وسلِّمْ وبارِكْ علَى سيدِنَا محمدٍ وعلَى آلِهِ وصحبِهِ أجمعينَ، ومَنْ تَبِعَهُمْ بإحسانٍ إلَى يومِ الدِّينِ.
أمَّا بعدُ: فيَا عبادَ اللهِ أُوصيكُمْ ونفسِي بتقوَى اللهِ عزّ وجلَّ، قالَ تعالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ (آل عمران: 102) .
Kaum Muslimin, Sidang Jum’ah Rahimakumullah !
Ongko kaping setunggal, khatib wanti-wanti dumateng poro kawulanipun Gusti Alloh soho pribadi piyambak, monggo kito sami-sami mulat saliro piyambak-piyambak kados pundi bobotipun takwo kito, lajeng ngupoyo tambahing bobot takwo kolowau wonten dinten-dinten ingkang bade kalampahan miturut kekiyatan kito piyambak-piyambak. Sampun ngantos sawekdal-wekdal kito wangsul wonten ngarsanipun Gusti Alloh kejawi angugemi ageman agami Islam. Gusti Alloh SWT paring dawuh, “He wong-wong kang podho iman, takwoho sira kabeh marang Gusti Alloh kanti sabener-benere takwo marang Panjenenganipun; lan ojo pisan-pisan siro kabeh mati kejobo tetep ngugemi ageman agomo Islam” QS. Ali Imran, 3 : 123).
Ongko kaping kalih, Rumongso (adz-Dzauq) soho Kamanungsan
Kito kinodrataken dening Gusti Alloh SWT minongko makluk ingkang kawestanan menungso (al-isnsan), boten moloikat ugi boten iblis (setan jajalanat). Salah setunggalipun tetenger kamungsan bilih kito meniko nduwe rumongso (angroso). Boso Indonesianipun ‘rasa’ ingkang wonten Kamus Besar Bahasa Indonesia, antawisipun mengku suraos minongko tanggapipun ati soho tetimbangan sahe utawi awon, salah utawi leres. Miturut ngelmu kajiwan (psikologi) rasa utawi perasaan dipun ngendikaaken minongko asesipat kajiwan (gejala jiwa). Pramilo anyebataken perkoro rumongso (angroso) sanget sesambungan kaliyan ati (qalbu) utawi jiwo (nafs).
Kanti rumongso menungso saget nguri-uri soho ngrembokoaken kamanungsanipun. Kanti tetembungan sanes kito kedah biso nduwe rumongso. Wonten bebrayaning sesami sedinten-dinten menawi wonten sederek ingkang nembe kasungkawan kesripahan umpaminipun, sawentawis tetanggi caketipun pas wekdal kolowau, podho rame gegojegan soho suko-suko, temtu dipun ngendikaaken “Ora nduwe rumongso !” Conto sanes ingkang taksih kedadosan samangke, menawi wonten setunggaling tiyang utawi pihak-pihak tertemtu ingkang dados tersangka utawi terdakwa korupsi utawi tindak pidono sanesipun, langsung kathah tiyang utawi pihak-pihak ingkang anut grubyug utawi sengojo mendet kasempetan nguthek-uthek banyu sing wis buthek melu ngobori, malah ngumbar asesumpah. Menopo sedayanipun kolowau boten nduwe rumongso ? Saleresipun boten kok boten nduwe rumongso, ananging boten biso angroso nduwe rumongso. Sedayanipun namung biso rumongso nduwe, rumongso nduwe hak, rumongso luwih sahe, rumongso luwih suci, rumongso luwih pinter, rumongso luwih alim, soho sanes-sanesipun. Sedayanipun kolowau supe utawi sengojo nyupe, kados pundi raosipun menawi kaleresan ingkang kasangkut perkoro hukum kolowau keluargonipun piyambak utawi diri pribadinipun piyambak ?
Ongko kaping tigo: Biso Nduwe Rumongso
Tumprapipun tiyang ingkang biso rumongso sawanci-wanci wonten kedadosan, menopo kemawon wonten bebrayaning agesang , sahe menopo awon, bade dipun sikapi minongko bahan pasinaon kangge nyuceaken jiwo, keranten sedoyo sikap,solah bowo, prakaryan, soho atur wicoro ingkang boten sahe, nerak angger-angger negoro, utawi dedosan, boten bade kawujudan saking jiwo ingkang resik, suci. Malah perkawis meniko menopo boten sampun dipun serat wonten QS. Asy-Syams meniko ? :
وَنَفْسٍ وَمَا سَوَّاهَا . فَأَلْهَمَهَا فُجُورَهَا وَتَقْوَاهَا . قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا . وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسَّاهَا (الشمس: 7 – 10) .
“demi jiwo sarto panyampurnane, tumuli Gusti Alloh ngilhamno marang jiwo iku (dalan) kapasekan lan katakwanane, satemene podho untung wong kang nyuceake jiwo iku, lan satemene podho rugi wong kang angotori” (QS. Asy-Syams, 91 : 15).
Sedoyo kamaksiatan utawi dedosan ugi boten bade kawujudan saking ati (qalbu) ingkang saras, keranten meniko kito sami bade ndadosaken bahan pasinaon sedoyo kedadosan wonten bebrayaning agesang meniko kangge kuwawen nguri-uri soho ngupados tambahing kasarasanipun ati kito piyambak-piyambak. Kito ajrih bade kadunungan gerahipun ati, keranten menawi ati gerah bade njalalari gerah-gerah sanesipun :
فِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ فَزَادَهُمُ اللَّهُ مَرَضًا (البقرة: 10)
“Ing dalem atine dheweke kabeh kadunungan leloro, tumuli ditambahi dening Gusti Alloh lelorone” (QS. Al-Baqarah, 2 : 10).
Gerah soho sarasipun qalbu (rohani) kito bade nemtoaken sahe soho awon prakaryanipun rogo (jasmani) :
أَلَا وَإِنَّ فِي الْجَسَدِ مُضْغَةً إذَا صَلُحَتْ صَلُحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ، أَلَا وَهِيَ الْقَلْبُ (مُتَّفَقٌ عَلَيْهِ، سبل السلام 7/ 94)
“Kaweruhono, satemene ing dalem jasad (rogo) iku kadunungan sagegem daging, menowo sagegem daging iku mau apik (waras) temtu apik (waras) ugo sakabehane jasade (rogone), lan menowo rusak (loro) temtu rusak (loro) sakabehane jasade (rogone). Kaweruhono, sagegem daging iku mau yoiku ati (qalbu)” (Muttafaq ‘alaih, Subulu as-Salam, 7 : 94)
Kaum Muslimin, Sidang Jum’ah Rahimakumullah !
Ongko kaping papat : Ora Mung Biso Rumongso Nduwe
Keranten kolowau kito sami mangertosi menawi wonten ulama ingkang ngendikaaken bilih rumongso (adz-dzauq) minongko wigatinipun akhlak, lajeng akhlak minongko wigatinipun agami. Pramilo meniko tiyang ingkang rumongso ngugemi ageman agami Islam bade nduwe utawi gadah pangrumangsan inggil dumateng menopo ingkang dipun rumangsani tiyang sanes. Piyambakipun bade kadunungan lembuting ati, boten bebrangasan utawi ghalizha al-qalbi miturut QS. Ali Imran, 3 : 159, boten bade njiwit tiyang sanes keranten piyambakipun piyambak bade ngrumangsani loro menawi dipun jiwit tiyang. Makaten ugi sawekdal tiyang sanes rumongso ngelih piyambakipun nderek ngrumangsani kados dene kasangsaran ingkang dipun rumangsani tiyang ingkang ngelih. Sawekdal tiyang sanes kadunungan pangrumangsan ajrih piyambakipun nderek ngrumangsani kados pundi kasangsaranipun tiyang ingkang kadunungan pangrumangsan ajrih kolowau. Lajeng menawi piyambakipun rumongso nduwe, nduwe kuwawen ngenani ingkang asesipat kadonyan menopo ingkang boten asesipat kadonyan (kawicaksanan) bade dipun ginaaken kangge sabiyantu ngentengaken kasangsaran ingkang dipun rumangsani tiyang sanes (berbudhi bowo leksono). Keranten piyambakipun ngrumangsani menawi amung biso rumongso nduwe artosipun kadunungan sipat gumedhe (takabur) dumateng Gusti Alloh SWT, al-Khalik, ingkang nyiptaaken sedoyo makluk, ugi ndadosaken kekupuran dumateng nikmat ingkang sampun dipun paringaken, ingkang sawekdal-wekdal Gusti Alloh SWT bade ndawahaken pangrumangsan kasangsaran kolowau dumateng piyambakipun. Piyambakipun ngrumangsani ajrih menawi suraos QS. An-Nahl, 16 : 112 meniko kadawahaken dumateng piyambakipun :
فَأَذَاقَهَا اللَّهُ لِبَاسَ الْجُوعِ وَالْخَوْفِ بِمَا كَانُوا يَصْنَعُونَ (النحل: 112)
“karono iku Gusti Alloh ngerasakno tumprape dheweke kabeh panyandang ngelih lan kaweden, disebabno opo kang tansah dheweke kabeh ngelakoni” (QS. An-Nahl, 16 : 112).
Kaum Muslimin, Sidang Jum’ah Rahimakumullah !
Menawi pangrumangsan ngelih soho ajrih meniko dipun lampahi wonten ndonyo, taksih boten mokal menawi wonten tiyang-tiyang utawi pihak-pihak tertemtu ingkang biso nduwe rumongso soho ora mung biso rumongso nduwe, paring sabiyantu ngenthengaken kasangsaran kolowau. Ananging sinten pawongan ingkang bade paring sabiyantu menawi kolowau minongko pangancam kasangsaran sikso wonten akhirat benjang:
فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُونَ (آل عمران: 106)
“Karono iku rasakno sikso kang disebabake kekapiran siro iku” (QS. Ali Imran, 3 : 106; al-An’Am, 6 : 30; al-Anfal, 8 : 35; dan al-Ahqaf, 46 : 34).
lajeng wonten ayat meniko :
فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْسِبُونَ (الأعراف: 39)
“mongko songko iku rasakno panyiksan karono lelakon kang wus siro kabeh podho ngelakoni“ (QS. al-A’raf, 7 : 39).
Mendahipun wigatine roso-pangroso utawi pangrumangsan (adz-dzauq) wonten pangugeman ageman agami meniko, keranten boten namung sawentawis prakaryanipun rogo (jasmani) minongko wewujudanipun menopo ingkang kajamah dening poncodrio, ananging luwih saking kelowau sanget sesambungan kaliyan ati (qalbu) soho jiwo (nafs), malah-malah Kanjeng Nabi saw piyambak dawuhaken :
ذاق طعم الإيمان من رضى بالله ربا وبالإسلام دينا وبمحمد رسولا- وفى لفظ نبيا- (أحمد ، ومسلم ، والترمذى ، وابن حبان، الأحاديث لجلال الدين السيوطي 13/ 22)
“Ngerasakno rasane iman sopo wonge kang ridho marang Gusti Allah minongko Pangeran, Islam minongko agomo, lan Muhammad minongko Utusan”-ing dalem salah sijine lafal- “minongko Nabi” HR. Ahmad, Muslim, Tirmidzi, Ibnu Hiban, al-Ahadits li Jalaluddin as-Suyuthi, 13 : 22).
KAPING KALIH :
الحَمْدُ للهِ ربِّ العالمينَ، وأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَه، وأَشْهَدُ أنَّ سيِّدَنا محمَّداً عبدُهُ ورسولُهُ، اللهمَّ صلِّ وسلِّمْ وبارِكْ علَى سيدِنَا محمدٍ وعلَى آلِهِ الطيبينَ الطاهرينَ وعلَى أصحابِهِ أجمعينَ، والتَّابعينَ لَهُمْ بإحسانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.
أمَّا بعدُ : أوصيكم ونفسي بتقوى الله عزَّ وجل فَقَدْ فَازَ المُتَّقُونَ.
Kaum Muslimin, Sidang Jum’ah Rahimakumullah !
Pungkasanipun, khatib ngajak, monggo wonten khutbah kaping kalih meniko, kito sami-sami mundut pasinaon dumateng sedoyo kedadosan ingkang dumados wonten bebrayanipun agesang meniko, sahe menopo awon, minongko bahan pasinaon kangge tansah nyuceaken jiwo, nguri-uri lan ngupoyo tambahing kasarasanipun ati (qalbu), kanti margi gulo wenthah saliro pribadi supados tansah biso nduwe rumongso, ngrumangsani kasangsaranipun tiyang sanes; soho boten namung biso rumongso nduwe, menopo ingkang dipun duweni boten dipun ginaaken nderek ngrumangsani paring sabiyantu ngenthengaken kasangsaran ingkang dipun rumangsani tiyang sanes.
عبادَ اللهِ : إنَّ اللهَ أمرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فيهِ بنفْسِهِ وَثَنَّى فيهِ بملائكَتِهِ فقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صلِّ وسلِّمْ وبارِكْ علَى سيدِنَا ونبينا مُحَمَّدٍ وعلَى آلِهِ وصحبِهِ أجمعينَ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وعَنْ سائرِ الصحابِةِ الأكرمينَ، وعَنِ التابعينَ ومَنْ تبعَهُمْ بإحسانٍ إلَى يومِ الدينِ. اللَّهُمَّ اغفِرْ للمسلمينَ والمسلماتِ الأحياءِ منهُمْ والأمواتِ، اللَّهُمَّ زَيِّنَّا بِزِينَةِ الإِيمَانِ، وَاجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِينَ، اللَّهُمَّ اهْدِنَا وَاهْدِ بِنَا، اللَّهُمَّ يَا مُقَلِّبَ الْقُلُوبِ ثَبِّتْ قُلُوبَنَا عَلَى دِينِكَ، اللَّهُمَّ إنا نسْأَلُكَ نَعِيمًا لاَ يَنْفَدُ، وَقُرَّةَ عَيْنٍ لاَ تَنْقَطِعُ، اللَّهُمَّ إِنّا نَسْأَلُكَ الرِّضَا بَعْدَ الْقَضَاءِ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ. وَسَلاَمٌ عَلَى المُرْسَلِيْنَ. وَالحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ .
اذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشكرُوهُ علَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَأَقِمِ الصَّلاةَ إِنَّ الصَّلاةَ تَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُون.